Kamis, 29 November 2012

keledai kang males

KELEDAI KANG MALES


         Ing sawijining wana akeh sanget kewan- kewan, salah suwijine yaiku Keledai. Keledai mau nduweni sifat kang males wegah nyambut gawe. 

         Ing suwijining dina Keledai ditugasi marang majikan dikon nggawa suket ing desa. Keledai nggawa suket mau munggah medun gunung . ing perjalananipun Keledai mau ngepas ngaweruhi kali ingkang resik lan seger, banjur deweke nyemplung.Bebane krasa uga enteng. ora suwi Keledai nglanjutaken lakune kanti desa kang dituju. Deweke banjur wangsul ing wana.

   Ora let suwi amarga ora tau nyambut gawe lan majikane ngerti yen yambut gawene kaya mangkono , Keledai banjur diwenehi tugas maneh yaiku di ken mbeto kapuk. Keledai ngelakoni tugas iku. Podo koyo kang dikerjaake dening Keledai mau nyemplung ing kali mau nanging rumaos bebene sansaya suwi san saya abot. Dados anggene nggowo kapuk mau ora kuat . 

  Mekaten ingkang kados kula aturaken . Kula matur anggee nyambut gawe iki ora keno males dadine koyo KELEDAI wau . 

                               TUKU KUPAT KALIYAN TUKU INTEN 

                           MENAWI LEPAT NYUWUN NGAPUNETEN

Kamis, 22 November 2012

KANCIL NYOLONG TIMUN

KANCIL NYOLONG TIMUN 



Ing suwijine dina kancil mlaku - mlaku ing sawah. Kancil mandeg amargo weruh wit tetimun kang akeh wohe, banjur kancil mangani timun mau kanthi wareg wetenge. Sak wise wareg kancil banjur bali kanthi ati kang marem.


pak tani mangerteni kejadian mau , mula pak tani masangi wong- wongan ing sawah lan dipasangi perekat. Ora let suwi kancil manyang sawah mau dakirane kancil wong- wongan mau temenan. kancil ngenteni wong- wongan mau kurang luwih rongjaman nganti wetwnge kemrucung. banjur kancil nekani wong-wongan mau . Akhire sikili kancil nempel ing wng-wongan mau. Kancil dicekel pak tani lan digawa bali banjur di kurung.

Kamis, 08 November 2012

kancil lan keong

CERITA JAWA IKA
CERITA BASA JAWA
A. KANCIL LAN KEONG
     Kancil duweni watak gumee, amarga ndhgendelake playune. watak kang kaya mangkono ora disenengi kewan liyane, amarga kancil ora bisa kekancan marang kewan liyane. salah sijine dina, kancil nantang balapan mlayu karo keong . keong saguh, mula digawe cara supaya bisa ngalahake kancil kang gumedhe mau . wusana keong padha kumpul lan baris sedawane dalan kang kanggo balapan mlayu. lagi wae kancil mlayu, keong wis tekan panggonan kang dituju. kancil kalah balapan , banjur isin mlayu saparan - paran.